Ilmu Pratandha Karaharjaning Umat
Karaos boten badhe wonten telasipun kita tentu tansah ngunjukken syukur ing ngarsanipun Alloh SWT , krana awit saking paringipun rahmat lan nugrahanipun, saengga ing wekdal menika kita tetep istiqomah njagi lan ngopeni iman lan takwa kita ingkang mujudaken tataran nikmat ingkang langkung inggil. Syahadad ugi kedah tansah kita jejegaken supados langkung nyaketi dhumateng makna ingkang sayektosipun. Salawat lan salam tansah kita unjukaken kagem junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw, dhumateng kulawarga, para sahabat sarta para pandherekipun ingkang sami ngugemi syari’atipun.
Prakawis ingkang boten saged kaanggep remeh tumrap umat samenika inggih menika ingkang kawastanan ”al Jahl Bi ad-Din” inggih menika wuta ing babagan ilmu agami. Boten badhe kajunjung derajatipun umat menika nuju ing tataran kamulyan kejawi kedah gumregah ngluru ilmu agami kanthi leres. Ilmu agami ingkang saged mbekta kejayaan utawi kamulyaning umat inggih ilmu ingkang dipun kedhuk saking sumber ingkang leres ugi. Menawi boten, malah badhe damel risak lan nuwuhaken duka utawi laknatipun Alloh.
Midherek Syaikh Muhammad bin Shalih al- Utsaimin ngempalaken kautamanipun ’ilmu menika wonten 12, inggih menika :
- Bilih ilmu agami menika warisanipun para nabi. Warisan ingkang sakalangkung mulya lan pangaji saking sedaya warisanipun para nabi. Rasululloh paring pangandika,
”Kautamane wong alim (duwe ngelmu) saka wong ’abid (ahli ngibadah), kaya dene kautamane rembulan saka sakabehe lintang. Satemene ’ulama iku pewaris para nabi . Satemene para nabi ora marisake dinar utawa dirham , dheweke mung marisake ngelmu, mula sing sapa njupuk warisan ngelmu , mula dheweke wus njupuk kabegjan kang agung ”. (HR. At.Tirmidzi)
2. Ngelmu menika tetep badhe langgeng sanadyan ingkang nggadhahi sampun tilar, Nanging bandha ingkang asring dados rebatan menika temtu badhe sirna. Rasululloh saw ngendika :
Menawa manungsa mati pedhot kabeh amale, kejaba telung prekara ; sedhekah jariyah, utawa ngelmu kang diamalake, utawa anak shalih kang ndongakake.” (HR. Muslim)
3. Ngelmu sapinten kathahipun boten badhe damel sisah ingkang nggadhahi kangge nyimpenipun, boten mbetahaken gedong ingkang ageng lan kukuh. Cekap kasimpen ing dhadha lan sirahipun, malah ilmu menika ingkang badhe njagi ingkang nggadhahi, engga badhe asung raos ayem lan tentrem. Benten kaliyan bandha, yen sampun tumumpuk, saya rekaos anggenipun mapanaken, dereng anggenipun badhe njagi , saged ndamel was-wasipun ingkang gadhah.
4. Ngelmu saged mbekta ingkang nggadhahi dados seksi saking kaleresan lan ke Maha Tunggalipun Alloh. Boten wonten ingkang langkung inggil saking menika. Kados Alloh SWT sampun paring firman ing QS. Ali Imron : 18
شَهِدَ اللَّهُ أَنَّهُ لاإِلَهَ إِلا هُوَ وَالْمَلائِكَةُ وَأُولُو الْعِلْمِ قَائِمًا بِالْقِسْطِ لاإِلَهَ إِلا هُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
”Alloh mratelakake menawa ora ana sesembahan kejaba Panjenengane, Kang njejegake adil. Para Malaikat lan wong-wong kang nduweni ngelmu (uga mratelakake mangkono). Boten wonten Sesembahan ingkang pantes sinembah kejawi Panjenenganipun, Ingkang Maha Prakosa tur Maha Wicaksana.” (QS. Ali Imron : 18)
Dene bandha babar pisan boten saged ambekta ingkang nggadhahi dumugi ing tataran / drajat semanten inggilipun wau.
5. Para ulama (ahli ilmu syariat) kalebet golongan panginggiling gesang, ingkang Alloh ndhawuhaken supados tiyang sami mituhu, tentu kemawon sadangunipun boten ngajak-ajak duraka ing Alloh lan Rosulipun, kados firmanipun ing QS. An Nisa : 59
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَأُولِي الأمْرِ مِنْكُمْ
Ingkang artosipun, ”He wong-wong kang padha iman, padha mituhuwa ing Alloh lan mituhuwa ing Rosule lan ulil Amri (Para Pangarep) ing antarane sira.”
6. Para Ngulama menika ingkang tetep teguh anggenipun njejegaken syariatipun Alloh engga dhatengipun dinten Akhir, kados pangandikanipun Nabi saw :
”Sing sapa Alloh ngersakake kabecikan tumrap dheweke, Alloh bakal paring dheweke paham marang prekara agama. Ingsun Al Qosim (kang adum) dene Alloh kang Maha Peparing. Umat iki bakal jejeg ing sandhuwure urusane Alloh. Ora bakal bisa gawe cilaka dheweke wong-wong kang nyebal /maido dheweke tumekane ketetepane Alloh.”(HR. Al-Bukhari)
7. Rasululloh saw nyanepakaken tiyang ingkang sami nggadhahi ngelmu kados dene lembah ingkang saged nandho toya ingkang nggadhahi manfangat dhateng alam kanan keringipun , panjenengan ngendika ingkang artosipun ,
”Sanepane saka pituduh ngelmu kang ingsun diutus kanggo iku, kaya dene udan kang namani lemah, saperangan saka iku ana kang becik (subur), kang bisa nandho banyu lan bisa nuwuhake tetanduran lan sesuketan kang akeh, saka iku uga ana saperangan lemah kang atos kang bisa ngenheg banyu kang kanthi iku Alloh paring manfangat marang manungsa kanggo ngombe, nyirami tanduran lan tetanen. Lan saperangan maneh awujud lemah cengkar kang ora bisa nandho banyu kang kena kanggo uripe tetanduran. Mula mangkono iku sanepane wong kang faham ngelmu agamane Alloh lan gelem manfangatake apa kang kanthi ngelmu iku ingsun diutus Alloh, dheweke nyinau lan mulangake. Dene sanepane wong kang ora nggatekake ngelmu iku (kang ora weruh ing ngelmu), dheweke ora nampa pituduhing Alloh kang kanthi iku ingsun diutus (HR. Bukhari lan Muslim).
8. Ngelmu mujudaken marginipun nuju ing suwarga. Boten wonten margi nuju dhateng suwarga kejawi kanthi ngelmu, kados pangandikanipun :
مَنْ سَلَكَ طَرِيْقَانْ يَلْتَمِسُ فِيْهِ عِلْمًا شَهَّلَ للهِ لَهُ بِهِ طَرِيقًا اِلالْجَنَّة
”Sing sapa ngambah dalan kanggo ngluru ngelmu, mula Alloh gawe gampang dalane dheweke nuju ing suwarga.”(HR.Muslim)
9. Ngelmu mujudaken pratandha saenipun sawenehing kawula. Boten badhe dados tiyang sae kejawi nggadhahi ngelmu, senaosa sanes jaminan mutlak tiyang ingkang ngakenipun gadhah ngelmu mesthi badhe sae.
Nabi saw ngendika,
مَنْ يُرِدِ للهُ بِهِ خَيْراً يُفَقِّهُّ فِيْ الدِّيْنِ
Sapa kang dikersakake Alloh kabecikan, Alloh bakal mahamake marang dheweke prekara din (ilmu agama).” (HR. Al- Bukhari)
10. Ngelmu mujudaken nur cahya ingkang madhangi gesanging kawula , engga piyambakipun mangertosi kados pundi cara ingkang leres ngibadah dhumateng Alloh sarta muamalah dhateng sesami.
11. Tiyang ingkang sumerep ing ngelmu, badhe mujudaken obor tumrap tiyang sanes. Liwat piyambakipun tiyang sanes saged katedahaken margi gesangipun. Kacariyos wonten sawenehing tukang mejahi tiyang ngantos 100 nyawa. Korban ingkang pungkasan sawenening ahli ibadah, karana jawaban lepat saking ahli ibadah wau ingkang njawab bilih sampun boten wonten lawanging tobat kangge piyambakipun. Akhiripun piyambakipun ndhatengi tiyang alim, ing mriku piyambakipun dipun tedahi margining tobat, pramila piyambakipun lajeng pikantuk cahya tumrap lampah gesangipun.
12. Alloh badhe njunjung derajatipun tiyang ingkang nggadhahi iman lan ngelmu ing donya lan akherat. Kacetha ing QS. Al Mujadillah : 11
يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ
”Alloh bakal njunjung derajate wong-wong kang iman ing antarane sira lan wong wong kang kaparingan ngelmu sawetara derajat.”
Diterjemah oleh: Bpk. Sardjono