Kautamanipun Shalat Subuh
Shalat mujudaken pepaesing manah tumrap tiyang-tiyang ingkang tresna dhateng Alloh, kenikmatan spiritual tumrap tiyang tiyang istiqomah, taman ingkang nengsemaken tumrap tiyang tiyang ingkang ngibadah, katentreman jiwa tumrap tiyang-tiyang ingkang khusuk (tumemen), papan ingkang mulya (inggil) tumrap para siddiqin (tiyang-tiyang ingkang cecepengan kaleresan), sarta timbangan derajat tumrapipun tiyang-tiyang ingkang ngambah merginipun Alloh.
Shalat mujudaken rahmat, kanugrahan ingkang gumelar tumrap kawulanipun Alloh ingkang iman.
Alloh sampun paring tuntunan kangge kawulanipun ing ndalem nindakaken shalat, nedahaken lan maringaken lumatar utusanipun ingkang jujur lan pinitados minangka rahmat kautaman tumrap para kawula. Bab menika ing pangajab supados kanthi shalat wau piyambakipun (kita para kawula) saged nampi kamulyan sarta kabegjan krana caket kaliyan Alloh.
Shalat dipun dhawuhaken sanes amargi Alloh mbetahaken kawulanipun, ananging minangka sarana Alloh paring kanugrahan lan kamirahan dhumateng kawulanipun. Alloh paring firman in QS. Al-A’la : 14-15,
قَدْ أَفْلَحَ مَنْ تَزَكَّى وَذَكَرَ اسْمَ رَبِّهِ فَصَلَّى
.” Temen begja wong kang padha nucekake awake (kanthi iman), lan dheweke eling marang asmane Alloh, banjur nindakake shalat. “
Kanthi shalat, manah lesan lan sedaya saranduning badan ngibadah dhateng Alloh. Ing salebeting Shalat Alloh SWT paring perangan ingkang langkung sampurna lan langkung agung dhumateng manah ingkang nyaket dhumateng panjenenganipun. Shalat ngadhepaken sedaya peranganing badan namung dhumateng Alloh piyambak. Shalat mujudaken kabegjan lan kenikmatan kawula krana caket kaliyan Alloh. Shalat nuwuhaken manah gumbira krana ngadhepaken rainipun namung dhumateng Alloh kanthi tulus, nyawiji boten nenoleh dhateng sanesipun.
Alloh ndhawuhaken shalat sedinten kaping gangsal. Panjenenganipun ndadosaken ing saben lampah ibadah wau ngemu kenikmatan, manfa’at, maslahat sarta pakurmatan tumrap kawula ingkang boten pinanggih ing lampah ibadah sanesipun. Bab wau supados kanikmatan ingkang karaosaken dening saben kawula ing saben lampah ibadahipun saged ndadosaken sampurna
Saben amal tumindak saking ibadah ndadosaken panglebur dosa ingkang sampun katindakaken manungsa, sarta mujudaken pepadhang / cahya mirunggan kanggenipun kawula. Saleresipun shalat mujudaken cahya , kekiyatan manah, kekiatan badan, longgaring rejeki sarta karenaning manah tiyang-tiyang ingkang nindakaken.
Tiyang-tiyang ingkang katimbalan kangge pasamuwan wau (shalat jamaah), ugi dados kraos wareg, lan boten ngelak malih, sarta shalatipun katampi. Bab menika krana saderengipun ndhatengi pasamuawan kasebat , manah ngraos
Sumpeg, ngelih, ngelak, garing , paceklik lan nandhang samsara. Lajeng saking ngarsanipun Alloh piyambakipun kacekapan kabetahanipun.
Alloh SWT paring kautamen ing saben shalat ingkang dipun dhawuhaken , ing anatawisipun shalat Subuh. Shalat shubuh nggadhahi kautamen ingkang langkung inggil, ing antawisipun :
1. Satunggaling margi lumebet suwarga
Dipun riwayataken saking Abi Musa ra, bilih Rosululloh saw ngendika, ”Sapa wae kang shalat bardaini (Asar lan Shubuh) mesthi lumebu suwarga.” (Muttafaq ’alaih).
Al –Bardain inggih menika shalat Ashar lan Shubuh. Kasebat Al-Bardain (kalih wekdal asrep), krana kekalihipun dipun tindakaken ing wekdal asreping siang, inggih menika ing pucuk lan bongkoting siang, rikala srengenge boten panas kumetep.
2. Satunggaling srana gangsaripun rezeki.
Fatimah binti Muhammad nyariyosaken; Nabi saw ngliwati aku, rikala iku aku isih turon ing wektu subuh, banjur Rasulullah nggugah aku kanthi sukune karo ngendika, ”He putriningsun, tangiya lan lurunen rizki Pangeranira, jalaran Alloh adum-adum rezki marang kawulane antarane shalat subuh tumeka mletheking srengenge.” (HR. Baihaqi)
Maksudipun, ketaatan dhumateng Alloh lumantar njagi shalat shubuh jamaah kanthi ajeg badhe ndhatengaken pitulungan lan panuntun saking Alloh, saengga sawenehing kawula badhe manggih gampil ing saben urusanipun, urusan kadonyan, agami lan akherat.
3. Srana njagi kawilujenganing badan
Rosululloh saw ngendika, ”Sapa wae kang nindakake shalat Shubuh, mula dheweke ana sajrone tanggungane Alloh, Mula saka iku aja nganti Alloh njabel tanggungane marang sira kabeh krana sebab apa wae. Jalaran sapa wae kang dijabel tanggungane kanthi sebab apa wae, mesthi bakal kacabut, Banjur Alloh bakal ngrungkebake raine sajrone neraka jahanam.”(Muslim)
Saestu menika mujudaken rahmat lan nugrahaning Alloh ingkang langkung agung dhumateng hambanipun. Tiyang ingkang sampun katanggel kawilujenganipun, kamulyanipun, katentremanipun sarta sedaya nikmat sanesipun, piyambakipun tiyang ingkang sanget-sanget begja.
4. Kados shalat ndalu sewengi natas.
Rasululloh saw ngendika, ”Sapa wae kang shalat Isya’ jamaah ing masjid, mula dheweke kaya dene shalat bengi separo wengi, lan sapa wae kang shalat shubuh jamaah ing masjid mula dheweke kaya dene shalat bengi sewengi natas..” (HR tirmidzi).
Umar bin Khathab ngendika, ”Temen aku bisa shalat Shubuh jamaah ing masjid iku luwih tak senengi katimbang shalat bengi sewengi natas.”
5. Kangge ngukur kadhar keimanan
Rasululloh saw ngendika, ”Shalat kang luwih abot tumrape wong munafik, yaiku shalat isya’ lan shalat shubuh. Mangka menawa padha mangerteni gedhene ganjaran shalat loro mau, mesthi dheweke bakal nekani sanajan kudu karo mbrangkang.”(HR. Ahmad).
Ibnu Mas’ud ngendika, ”Aku padha nindakake shalat shubuh jamaah bebarengan Nabi, lan ora ana kang ora melu kejaba wong-wong kang wus cetha munafike.”
6. Nylametaken saking neraka
Rasululloh saw ngendika, ”Ora bakal lumebu neraka wong kang nindakake shalat sadurunge mlethek srengenge lan sadurunge angslupe (HR. Muslim lan Ahmad). Maksudipun shalat shubuh lan shalat ashar.
Kanthi kita mangertosi kautamanipun shalat subuh jamaah wonten masjid, kita lajeng badhe kepengin njagi supados tansah saged nindakaken, saengga saged nampi kabegjan ageng. Sampu ngantos nilaraken shalat jamaah shubuh ing masjid namung jalaran bab ingkang sepele. Kalebet sampun ngantos nilaraken shalat jamaah subuh namung jalaran sedalu tadarus Quran, utawi krana ngathahaken shalat dalu (tahajud). Amargi kautamanipun shalat shubuh jamaah langkung inggil katimbang kalih prekawis wau. Kalenggahanipun shalat jamaah ing masjid kangge priya ingkang boten udzur menika wajib ’ain, dene tadarus lan shalat dalu menika sunat.
Mekaten mangga kita nyuwun dhumateng Alloh hidayahipun supados kita saged milih kanthi cerdhas pundi ingkang langkung sae, saking pilihan ingkang sami-sami sae, syukur kaparingan kekiyatan saged nindakaken sawernining pangibadahan kanthi jangkep, saengga kita saged nampi kabegjan donya akherat. Amin
(Majalah Swara Quran N0. 10 Th. 8 Maret 2009).
Alih Basa ; Mbah Djono