Ngraosaken Endahing Gesang Kanthi Karidhan
Alloh SWT paring firman,
جَزَآؤُهُمْ عِندَ رَبِّهِمْ جَنَّٰتُ عَدْنٍۢ تَجْرِى مِن تَحْتِهَا ٱلْأَنْهَٰرُ خَٰلِدِينَ فِيهَآ أَبَدًۭا ۖ رَّضِىَ ٱللَّهُ عَنْهُمْ وَرَضُوا۟ عَنْهُ ۚ ذَٰلِكَ لِمَنْ خَشِىَ رَبَّهُۥ
Piwalese dheweke ing ngarsane Pangerane yaiku suwarga ’Aden, kang mili ing ngisore kali-kali, dheweke langgeng ing kono saksuwene. Alloh ridha marang dheweke, lan dheweke uga ridha marang Alloh. Kang mangkono iku mujudake piwales tumrap wong-wong kang padha wedi marang Pangerane.” (QS. Al-Bayinah : 8)
Karidhan nuwuhaken woh ingkang ngrembaka arupi kaimanan. Tiyang ingkang ridha manahipun badhe kajunjung kalungguhanipun engga papan ingkang linangkung inggil, saengga njalari keyakinan sansaya lebet lan sentosa-ngoyod. Sikap menika badhe saged nuwuhaken kejujuran ing pangucap, lampah lan tumindakipun.
Kasampurnaning ubudiyah nglangkungi jalaran kuwawa anggenipun nindakaken tuntutan hukum ingkang sajatosipun awrat tumrap piyambakipun. Namung rikala hukum-hukum ingkang entheng kemawon ingkang dipun tindakaken, pramila malah badhe damel jarak ubudiyah kaliyan Pangeranipun saya tebih. Ing pangertosan bilih ubudiyah menika ateges kesabaran, tawakal, karidhan, rasa andhap asor, raos mbetahaken, pasrah lan ketundukan, pramila ubudiyah menika boten badhe sampurna kejawi kanthi nindakaken tuntutan hukum ingkang panci awrat katindakaken.
Sawenehing prakawis ingkang kedah dipun sadhari bilih karidhaning kawula dhumateng Alloh SWT ing sadhengah urusan badhe njalari Pangeranipun ridha dhumateng piyambakipun. Rikala kawula ridha dhumateng kawontenan ingkang kasandhang lan tetep istiqomah dhateng karidhanipun wau, pramila Alloh badhe age-age paring ridhanipun rikala piyambakipun nyadhong ridhanipun Alloh. Kanthi patuladhan menika mangga kita nggatosaken dhumateng tiyang-tiyang ingkang ikhlas. Sanajan ilmu ingkang dipun darbeki sekedhik, nanging Alloh ridha dhumateng sedaya upayanipun, krana sikap ridhanipun dhumateng Alloh.
Sikap boten narimah, mujudaken marginipun nggresula, kasusahan, kaconing manah, kemurungan lan panyana ingkang boten saktrepipun dhumateng Alloh SWT. Manah dados kemrungsung lan kaganggu, kados-kados ing lebetipun wonten suwanten ingkang mbisiki :
مَّا وَعَدَنَا ٱللَّهُ وَرَسُولُهُۥٓ إِلَّا غُرُورًۭا
”Alloh lan Rosule ora njanjekake apa-apa marang aku kejaba mung ngapusi.” (QS. Al-Ahzab : 12)
Tiyang-tiyang ingkang mekaten wau badhe nggadhahi manah ingkang namung ngakeni kaleresan menawi kaleresan wau cocok kaliyan ingkang dipun ajeng-ajeng, namung badhe mlengos menawi katuntut kangge netepi kuwajibanipun. Nanging rikalaipun nampi pacoban, piyambakipun badhe menggok nuju ingkang awon. Lan menika kapitunan donya akherat.
ذَلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِينُ
”…….Kang mangkono iku kapitunan kang nyata.” (QS . Al Hajj : 11)
Pepesthen ingkang sampun lumampah ing dhirinipun kawula lan qodho Alloh sampun adil sanget. Kasebataken ing hadits Rasululloh saw , ”Pepesthen Paduka sampun lumampah ing badan kula lan qodho’ Paduka adil ing badan kula.” Tegesipun, tiyang ingkang boten nampi keadilan cetha tiyang ingkang zhalim lan ngliwati wates. Mangka Alloh SWT menika Hakim ingkang langkung wicaksana. Allloh SWT sampun ngaramaken kezaliman dhumateng Panjenenganipun lan ugi boten tindak zalim dhumateng kawulanipun. Maha Suci Alloh, lan sadangunipun Panjenenganipun boten nindakaken kazaliman dhateng umat manungsa. Namung ing kanyatan malah manungsa piyambak ingkang menzalimi badanipun piyambak.
Pepesthen Alloh ing mriki nyakup sedayanipun, inggih pepesthen dosa sarta pepesthen pituwasipun saking dosa. Kalih prekawis wau kalebet pepesthenipun Alloh, lan Alloh SWT pangadil ingkang Maha Adil ing ndalem ketetepanipun. Alloh netepaken dosa kangge kawulanipun jalaran wontenipun bab-bab ingkang boten saged kagayuh dening manungsa ingkang tundhonipun badhe njalari awon dhumateng kawula kasebat, lan menika namung Alloh SWT ingkang priksa. Sanesipun menika, karana wonten kemaslahatan ingkang langkung ageng, ingkang namung Panjenenganipun Alloh ingkang uninga.
Biasanipun setan saged nguwaosi manungsa rikala manungsa nembe salebetipun sikap boten nrimah, sarta dipun kuwaosi dening hawa nepsunipun. Inggih ing wekdal menika manungsa dados sasaran pambujukipun setan. Menapa malih raos boten nrima sampun nguwaosi, pramila kanthi entheng piyambakipun badhe ngucap, nindakaken lain niataken menapa ingkang boten dipun ridhai Pangeranipun. Saged ugi menika ingkang dados jalaran Nabi rikala putranipun, Ibrahim tilar, ngandika, ” Ati susah, mripat ngetokake luh, ingsun ora bakal ngucap kejaba apa kang ndadekake Pangeraningsun ridha.”
Saupami rikala ngadhepi qodho’ ingkang kraos awrat menika thukul angen-angen tigang prekawis ngandhap menika, insya Alloh sedaya ingkang namani badhe kraos gampil.
1.Andhok wontenipun hikmah ingkang dipun samaraken dening Sang Panguwaos Qodar, lan ngakeni bilih Panguwaos qadar langkung priksa kemaslahatan kawulanipun sarta menapa kemawon ingkang manfaat tumrap piyambakipun.
2.Tawakkal nengga ganjaran agung lan ganjaran ingkang kathah, kados janjinipun Alloh SWT ingkang dipun paringake kawulanipun ingkang kataman musibah lajeng purun sabar.
3.Andhok bilih katetepan lan sedaya prekawis menika mujudaken kawenangan mutlak Pangeranipun, dene kawenanganipun kawula inggih pasrah lan midherek kersanipun Alloh.
Samesthinipun tiyang sami pitados bilih menapa ingkang boten katampi menika panci boten sae tumrapipun, lan ingkang sae kanggenipun boten badhe uwal, lan sadhar bilah sikapipun boten nrima menika boten badhe migunani tumrap piyambakipun.
Sikep ridha (nrimah ing peparing) badhe mbikakaken korining suwarga donya saderengipun suwarga akherat. Karidhan badhe nuwuhaken katentreman, manah ayem, jejeg ngadhepi subhat, teguh ngadhepi sawernining prekawis ingkang gilir gumantos. Manah ingkang ridha badhe langkung pitados dhumateng janji Alloh lan Rosulipun. Manahipun tiyang mekaten wau kados-kados nampi bisikan suwanten mekaten:
هَذَا مَا وَعَدَنَا اللَّهُ وَرَسُولُهُ وَصَدَقَ اللَّهُ وَرَسُولُهُ وَمَا زَادَهُمْ إِلا إِيمَانًا وَتَسْلِيمًا
”Iki kang dijanjekake Alloh lan Rosule marang kita. Lan temen bener Alloh lan Rosule. Lan kang mangkono iku ora nambahi apa-apa tumrap dheweke kejaba iman lan ketundhukan.” (QS. Al-Ahzab : 22)
Sinten kemawon ingkang ngebaki manahipun kanthi ridha dhumateng qodho, pramila Alloh badhe ngebaki manahipun kanthi kacekapan, raos ayem tentrem, sarta qonaah (narimah). Salajengipun Alloh badhe ndadosaken manahipun kebak raos katresnan, inabah, lan tawakal dhumateng Alloh SWT.
Manah ingkang ridha badhe nuwuhaken raos syukur ingkang mujudaken tataran langkung inggil, malah mujudaken hakekat saking keimanan menika piyambak. Ing tahapan iman raos syukur mapan ing pucuking keimanan. Tiyang ingkang boten nrimah dhumateng peparingipun Alloh, boten badhe saged syukur dhumateng Alloh SWT. Lan menika tegesipun tiyang ingkang purun syukur inggih tiyang ingkang saged langkung ngraosaken nikmat gesangipun.
(Syaikh ’Aidh bi n AbdullahAl-Qarni)
Alh Basa : Mbah Djono