Nilaraken Prekawis Ingkang Muspro
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ …
فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى اللهعَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.
Jama’ah Jum’at rahimani wa rahimakumullah,
Sampun dados kuwajiban kita kangge tansah takwa dhumateng Alloh kanthi saleres-leresipun takwa, krana prekawis menika mujudaken sangu ingkang langkung utami tumrap kita ing ndalem ngambah gesang ing donya menika. Inggih donya ingkang kebak tantangan lan godhaning setan. Sae ingkang wujud jin utawi manungsa. Semanten ugi takwa dhumateng Allah mujudaken sangu ingkang langkung sae ing wekdal sowan ing ngarsanipun Allah ing dinten kiamat samangke. Ing saat kasebat, bandha lan kulawarga boten badhe wonten manfa’atipun. Allah SWT paring firman :
يَوْمَ لَا يَنفَعُ مَالٌ وَلَا بَنُونَ إِلَّا مَنْ أَتَى اللَّهَ بِقَلْبٍ سَلِيمٍ
“(Yaiku) ing dina bandha lan anak-anak lanang ora migunani, kejaba wong-wong kang sowan ing Alloh kanthi ati kang resik.” (Asy-Syu’ara : 88-89).
Ing wekdal menika ugi, kuwaosipun tiyang sampun boten manfa’at malih. Allah Ta’ala nyariosaken prekawis kisah tiyang-tiyang ingkang nampi cathetan amal tumindakipun kanthi tangan keringipun. Allah paring firman, :
وَأَمَّا مَنْ أُوتِيَ كِتَابَهُ بِشِمَالِهِ فَيَقُولُ يَا لَيْتَنِي لَمْ أُوتَ كِتَابِيهْ. وَلَمْ أَدْرِ مَا حِسَابِيهْ. يَا لَيْتَهَا كَانَتِ الْقَاضِيَةَ. مَا أَغْنَى عَنِّي مَالِيهْ. هَلَكَ عَنِّي سُلْطَانِيهْ. خُذُوهُ فَغُلُّوهُ. ثُمَّ الْجَحِيمَ صَلُّوهُ. ثُمَّ فِي سِلْسِلَةٍ ذَرْعُهَا سَبْعُونَ ذِرَاعاً فَاسْلُكُوهُ
Dene wong-wong kang kaparingan saka tangan keringe, mula dheweke ngucap: “ Aduh, mendah eba becike menawa ora diparingake kitab(cathetan iki). Lan aku ora mangerti kepriye petungan tumrap awakku.Adhuh menawa pati iku kang ngrampungake sakabehe , bandhaku babar pisan ora bisa menehi manfa’at marang aku. Lan wus sirna kuwasaku”.
Allah ngendika: “Cekelen dheweke banjur bandanen tangane karo gulune”. Banjur lebokna dheweke ing genine neraka kang molad-molad. Banjur talenana dheweke nganggo rante kang dawane pitungpuluh hasta’. (Al-Haaqqah :25-32)
Mugi Allah nglebetaken kita sedaya peranganipun tiyang-tiyang ingkang nampi cathetan amal ibadah ing tangan tengen. Pramila menika sampun samesthinipun kita kedah tansah ngupaya njagi kawilujengan kanthi njagi lan nambahi tataran keislaman kita. Greget menika ingkang dados pratandha nyata kesaenan jiwanipun, jejeging lampahipun sarta sempurnaning hidayahipun saking Allah ta’ala. Agami tumrapipun tiyang muslim badhe dados pandom ingkang badhe nedahaken nuju kamulyan ing donya , sarta maujudaken gegayuhan kabegjan derajat inggil ing akherat. Ing agami menika pinanggih keterangan lan pitedah ingkang saged dados pandom , nylametaken saking sawenining kesesatan, nebihaken saking kasangsaran, kapitunan utawi karisakan.
Rasulullah saw minangka pribadi ingkang sanget ngersakaken kesaenan kangge umatipun, ingkang sanget tresna dhumateng umatipun, sampun paring tuladha adab lampah tumandang ingkang mulya, satunggaling adab lampah ingkang saged ndhatengaken sawenining kesaenan . Kanthi adab menika, agamining tiyang badhe sae lan saged nglantaraken tiyang muslim nggayuh ridhanipun Allah Ta’ala.
Kasebat ing satunggaling hadits, saking sahabat Abu Hurairah ra.hu, bilih Rasulullah saw ngendika :
مِنْ حُسْنِ إِسْلَامِ الْمَرْءِ تَرْكُهُ مَا لَا يَعْنِيْهِ
”Ing antarane tandha yekti becik-islame saweneh wong yaiku dheweke ninggalake prekara kang ora migunani tumrap dheweke.”(HR. Imam Tirmidzi, Ibnu Majah ing kitab sunanipun, Ibnu Hibban ing kitab shahipun kanthi sanad hasan)
Kaum muslimin, rahimanillah wa iyyakum ajma’in,
Tiyang ingkang nggadhahi tataran keislaman ingkang sae, pramila piyambakipun badhe nilaraken tetembungan utawi lelampahan ingkang boten penting lan ingkang boten migunani tumrap piyambakipun. Karana islam mucalaken para panggilutipun supados nindakaken prekawis ingkang wajib sarta nebihi lan nilaraken sedaya ingkang dipun haramaken, utawi prekawis ingkang dereng cetha, ingkang kasebat mutasabihat. Lan sawenehing muslim ugi boten lelangkungan ing prekawis-prekawis ingkang mubah.
Kanthi mekaten, piyambakipun badhe tansah maesi kanthi prekawis-prekawis ingkang saged njejegaken lan ngukuhaken aqidahipun, nyempurnakaken kualitas/tataran imanipun, nglempengaken amal lampahipun.
Suwalikipun, wonten ugi tiyang-tiyang ingkang nyepelekaken wekdal ingkang pangaji, kanthi nelasaken kangge lampah-lampah laha, muspra tanpa guna, malah namung ketungkul nindakaken prekawis ingkang saged nyeret ing juranging kasangsaran terus-terusan tanpa kendel. Kanthi mekaten piyambakipun sampun nebihi ing prekawis-prekawis ingkang langkung penting, ingkang saged njunjung derajadipun. Tundhonipun piyambakipun dados tiyang ingkang manggih kapitunan ingkang tanpa kinira.
Mugi Allah SWT tansah paring hidayah lan pitulungan dhumateng kita ing ndalem ketaatan, nebihaken kita saking golonganipun tiyang-tiyang ingkang kapitunan
Kaum muslimin, rahimahullahu wa iyyakum ajma’in,
Ing antawisipun ketungkul nindakaken prekawis ingkang muspra inggih menika ketungkul nyinau ngelmu –ngelmu ingkang boten penting, boten manfaat, lan nyupekaken ngelmu-ingkang langkung penting, inggih menika ngelmu ingkang njalari manah kita dados langkung sae, jiwa dados resik sarta ndhatengaken manfaat tumrap sedherek muslim sanesipun.
Kalebet ugi ewoning lampah muspra inggih menika tiyang ingkang nyariosaken prekawis-prekawis ingkang sanes urusanipun, lan piyambakipun ugi boten dipun kajengaken supados wicara utawi ngedalaken pemanggihipun. Tujuanipun namung nelasaken wekdal lan ngajeng-ajeng kawigatosanipun tiyang sanes. Kadang kala bab-bab mekaten wau saged nyeret tetiyang kangge ngandhaeaken prekawis-prekawis ingkang boten pantes kangge dipun rembag. Kados dene nyariyosaken lampah nistha ingkang saged nggugah nafsu sahwat, nyariyosaken aurat, panyana awon dhumateng tiyang-tiyang ingkang shalih, lan kadhang kla boten namung dhumugi semanten taksih katambahan tembung-tembung ingkang goroh lan jenes. Lan taksih kathah sanget conto-conto lampah muspra ingkang dipun paesi dening setan supados manungsa kadudut kangge nindakaken. Mugi Allah anjagi lan ngayomi kita sedaya saking sedaya pambujuking setan.
Kaum muslimin rahimakumullah
Samenika kita kedah mbudi daya supados saged uwal saking lampah-lampah ingkang laha , muspra tanpa guna kasebat. Ing antawisipun ingkang saged mbiyantu kangge nilaraken prekawis ingkang boten manfa’at inggih menika kanthi nyadhari bilih kewajiban-kewajiban ingkang dipun tanggel kathah sanget, mangka umur kita winates. Rasulullah saw paring pangandika :
أعْمَارُ أُمتي مَا بَيْنَ الستيْنَ إلَى السَبْعيْنَ وَ أَقَلهُمْ مَنْ يَجُوْزُ ذَلكَ
“Umur umat ingsun antarane suwidak tumekane pitung puluh, lan sethithik banget kang luwih saka iku. (HR.Imam Tirmidzi, Ibnu Majah, al Hakim sak.Abu Hrtairah)
Saperangan ahli ngelmu nelakaken , umur ingkang cendhak menika meh boten cekap kangge nindakaken kewajiban, menapa malih taksih kangge nindakaken ingkang boten manfaat. Kanthi kesadaran bilih gesang ing donya sanget sekedhik wekdalipun, saged mbiyantu kangge nilaraken lampah-lampah ingkang muspra. Jalaran kanthi kesadaran wau, piyambakipun badhe manfa’ataken wekdal gesangipun kanthi saksae-saenipun , kangge cecawis sangu sakathah-kathahipun, kangge samekta sangu nglampahi gesang ingkang sejatosipun ing akherat.
Kaum muslimin, rahimanillahu wa iyyakum ajma’in,
Prayogi kita ugi mangertosi bilih saben tiyang badhe dipun pundhuti tanggel jawab umuripunn, kados pundi umuripun dipun telasaken ? Satunggaling hadits riwayat Imam Tirmidzi ing Kitab Jami’ kanthi sanad shahih saking sahabat Abu Hurairah ra.hu, nelakaken bilih Rasulullah Saw ngendika :
لاَ تَزُوْلُ قَدَمَا عَبْد يَوْمَ اْلقيَامَة حَتى يُسْأَلَ عَنْ عُمْره فيْمَ أَفْنَاهُ وَعَنْ علْمه فيْمَ فَعَلَ فيه وَعَنْ مَاله منْ أَيْنَ اكْتَسَبَهُ وَفيْمَ أَنْفَقَهُ وَعَنْ جسمه فيمَ أَبْلاَهُ
“Ora bakal mingset dlamakan sikile saweneh wong ing dina kiamat tumeka dheweke rampung didangu prekara umure, umure digunakake kanggo apa; prekata ngelmune, apa kang ditindakake kanthi ngelmune; prekara bandha, saka ngendi asale lan digunakake kanggo apa; prekara awake, apa kang bisa ditindakake?
Perlu kita emut malih bilih sedaya tembung ingkang kaucapaken, sedaya kacathet lan badhe nampi piwales. Saben tembung ingkang kaucapaken badhe dipun tuntut tanggel jawabipun. Menawi sae, ugi kesaenan ingkang badhe katampi. Kosok wangsulipun menawi awon mila ugi piawon ingkang badhe katampi. Allah Ta’ala paring firman
وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْإِنْسَانَ وَنَعْلَمُ مَا تُوَسْوِسُ بِهِ نَفْسُهُ وَنَحْنُ أَقْرَبُ إِلَيْهِ مِنْ حَبْلِ الْوَرِيد.ِ إِذْ يَتَلَقَّى الْمُتَلَقِّيَانِ عَنِ الْيَمِينِ وَعَنِ الشِّمَالِ قَعِيدٌ .مَا يَلْفِظُ مِنْ قَوْلٍ إِلَّا لَدَيْهِ رَقِيبٌ عَتِيدٌ
Lan satemene Ingsun wus nyiota manungsa lan uningaapa kang diwisikake ing atne, lan Ingsun luwih cake dhewke tinimbang otot gulun, (yaiku) rikala malaikat loro nythet amal tumindake, kang giji lungguh ing sisih tengene lan liyane lungguh ing sisih kiwane. Ora ana satembung wae kang diucapake kejaba ing cakete ana malaikat kang tansah teka ngawasi.” (QS. Qaaf : 16-18)
Ing hadits riwayat Imam Malik ing kitab al Muwattha’, Iamam Ahmad ing Musnadipun, Imam Tirmidzi, an Nasa’i, Ibnu Majah ing kitab Sunan kanthi Sanad Shahih saking Alqomah al-Laitsi, saking Bilal bin Harits, Rasulullah saw ngendika
إن الرجل ليتكلم بالكلمة من رضوان الله ما كان يظن أن تبلغ ما بلغت ؛ يكتب الله له بها رضوانه إلى يوم يلقاه وإن الرجل ليتكلم بالكلمة من سخط الله كان يظن أن تبلغ ما بلغت ؛ يكتب الله له بها سخطه إلى يوم يلقاه
“Satemene ana saweneneh wong kang ngucap sawijining ukara ing antarane ukara kang diridhai Allah. Dheweke ora ngira yen satembung kang diucapake iku bakal bisa tekan apa kang digayuh, yaiku Allah nyathet kanggo wong mau ridha-Ne nganti tumekane dina ketemu ing ngarsane Allah. Satemene ana wong kang ngucap ukara ing antarane ukara kang digethingi dening Allah. Dheweke ora ngira menawa saktembung kang diucapake iku bakal bisa tekan apa kang digayuh yaiku Allah nyathet kanggo dheweke kang gawe dukane nganti tumekane dina ketemune dheweke ing ngarsane Allah”.
Alqamah nelakaken ; ” Hadits Bilal iki wus ngendhakake aku saka ngucap tembung kang akeh, tanpa paedah ”
Kaum muslimin, rahimanillahu wa iyyakum ajma’in,
Pramila, sumangga kita takwa ing ngarsanipun Allah kanthi tansah lumampah midherek tuntunanipun Rasulullah Saw, nilaraken pocapan lan tumindak ingkang boten manfa’at. Mugi Allah SWT nglebetaken kita golnganipun tiyang-tiyang ingkang tansah nindakaken prekawis ingkang manfa’at kangge gesang ing donya lan akherat. Lan mugi Allah nglebetaken kita peranganipun tiyang tiyang ingkang nampi pitedah.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِالْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِوَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَالْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِفَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ
Khutbah II
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
“Kaum muslimin, rahimahumullahu
Kanthi mangertosi andharan ing khutbah sepisan, minangka tiyang ingkang kaparingan akal, ingkang ngajeng-ajeng pitulunganipun Allah ing dinten akhir mangke, pramila prayogi kita nggatosaken kawontenan badan kita piyambak, kanthi njagi lesan sarta nggatosaken wekdal ingkang kita gadhahi. Ugi prayogi kta metang lajeng nimbang antawisipun pocapan lan tumindak ingkang sampun kita lampahi. Sinten ingkang metang-metang pocapanipun, lajeng nraju utawi nimbang kaliyan amalipun, piyambakipun badhe sekedhik wicaranipun ingkang tanpa paedah.
Kados pundi kok mekaten? Jalaran, kados dipun andharaken dening al-Hafizh Ibnu Rajab Rahimahullah, bilih kathahipun menapa ingkang dipun kajengaken nilaraken prekawis ingkang boten manfa’at inggih menika kanthi njagi lesan lan pocapan ingkang muspra, tanpa maedahi.
Kaum muslimin, rahimanillahu wa iyyakum ajma’in,
Ing purnaning khutbah menika kula ngajak dhumateng badan kula sarta jamaah sedaya, sumangga kita tambahi tataran iman lan takwa kita dhumateng Allah, lan nggregetaken semangat dhumateng samukawis ingkang ndhatengaken manfa’at, sae kangge kabetahan donya utawi ing akherat samangke. Wiwit saat menika mangga kita mbudi daya njagi awak kita piyambak-piyambak saking pocapan lan tumindak ingkang laha, sia-sia, muspra tanpa guna.
Mugi Allah ridha dhumateng sedaya amal lampah kita. Aamiin
. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاْلإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ ءَامَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا.
رَبِّ اجْعَلْنِي مُقِيمَالصَّلاةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِي رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءِ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ عِلْمًا نَافِعًا وَعَمَلا مُتَقَبَّلا، وَرِزْقًا حَلاَلاً طَيِّبًا،
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ