Sumendhe ing Ngarsanipun Alloh
Saestu Alloh sampun nyampurnakaken agami menika lan Alloh ngempalaken ing agami menika sawernining kesaenan. Panjenenganipun dhawuhaken prekawis ingkang sae lan Panjenenganipun ngawisi sedaya ingkang awon. Saleresipun inggil lan andhapipun drajatipun tiyang menika gumantung agami, akhlak lan sopan santun tata krama ingkang dipun gadhahi.
Mangga kita taliti dinten-dinten kita. Dinten ingkang sampun kalampahan boten badhe wangsul malih. Ing antawisipun wateking jiwa ingkang remen ngajak dhateng piawon inggih menika pados-pados alesan ingkang ngleresaken (pembenar) kangge menapa ingkang sampun kedadosan sarta angen-angen kangge ingkang badhe dumados.
Saestu boten wonten nikmatipun gesang menika kejawi kanthi istiqomah. Tiyang tiyang ingkang leres-leres bagya mulya, inggih menika tiyang ingkang saged manfangataken wekdal sarasipun. Lan wekdal ingkang langkung manfangat menawi kaginakaken kangge nyinau ngelmu. Ingkang sanesipun namung minangka pelengkap. Gesang tanpa ngelmu namung badhe nuwuhaken kesesatan. Wekdal panci sanget ajinipun, mangka ilmu ingkang dipun pengini kathah sanget. Pramila prayogi kita rumiyinaken ilmu ingkang langkung penting nembe ingkang radi penting. Rekaos ngluru ngelmu kangge nyaekaken agami lan donya menika langkung utami tinimbang rekaos-rekaos kangge ngempalaken bandha. Boten wonten wohing gesang ingkang aji menika kejawi ilmu lan amal.
Sinten ingkang kepengin slamet, prayogi piyambakipun rumaos tansah dipun priksani dening Alloh. Jalaran saben tiyang ingkang nindakaken prekawis ingkang cengkah kaliyan ketakwaan badhe nampi paukuman, cepat menapa randhat. Saged kelampahan tiyang ingkang lampah maksiat boten ngraosaken nampi paukuman, krana boten ningali kekirangan ing badan lan bandhanipun. Kamangka leresipun lirwa saking paukuman sampun mujudaken paukuman. Lampah maksiat sasampunipun maksiat mujudaken ukuman maksiat.
Pramila saking menika, boten wonten prekawis ingkang langkung manfangat katimbang saking dhedhepe kanthi tawadzu’ ing ngarsanipun Alloh kairing mbudi daya nebihi dosa. Mangga kita tebihi prekawis ingkang njalari lampah maksiat, krana caket-caket kaliyan maksiat mujudaken bebaya ingkang meh boten wonten satunggal tiyang kemawon ingkang saged wilujeng, uwal saking bebaya wau, kados sabda Nabi saw,
”Sapa wae kang nyoba-nyoba nyaketi papan larangan mesthi dheweke bakal keblusuk ing njerone.” (HR Bukhari lan Muslim)
Kempal kaliyan tiyang-tiyang sae sanajan namung sakedhap sanget mbiyantu kangge lampah ketaatan. Sifat-sifat ingkang sae boten badhe tuwuh kejawi kanthi kempal kaliyan tiyang-tiyang ingkang nggadhahi karakter ingkang sami.
Kita sisihaken wekdal sekedhap kangge ngaturaken panuwun dhumateng Alloh sarta sawetawis wekdal kangge mawas diri, naliti menapa ingkang sampun katindakaken dening peranganing badan. Perangan badan ingkang langkung hak kakontrol inggih menika lesan lan mripat. Sinten ingkang nguja pandelenganipun ing prekawis ingkang haram, gesangipun badhe rekaos.
Ing antawisipun bab ingkang nggumunaken sesambetan kaliyan piwales ing donya inggih menika rikala sedherek-sedherekipun Yusuf, maeka Yusuf lan nyade Yusuf kanthi regi ingkang ingkang mirah. Ing gantalan dinten piyambakipun nangis-nangis nyenyadhong kamirahanipun Yusuf kanthi atur,
وَتَصَدَّقْ عَلَيْنَا إِنَّ اللَّهَ يَجْزِي الْمُتَصَدِّقِينَ
Lan mugi panjenengan sedhekah dhateng kula, saleresipun Alloh paring piwales dhateng tiyang-tiyang ingkang purun sedhekah. (QS. Yusuf : 88)
Sampun kapusan kanthi eneming umur lan kesarasan, krana tiyang-tiyang ingkang yuswa sepuh arang ingkang tilar, malah kathah-kathahipun tiyang ingkang tilar menika lare ingkang taksih enem. Pramila sekedhik sanget tiyang ingkang saged dumugi yuswa sepuh.
Sampun ngantos kita tukaraken kamulyan ingkang kita gadhahi kaliyan nisthanipun maksiat. Saya estu-estu anggen kita mbudidaya nanggulangi pepenginaning nafsu, mila Alloh badhe saya tresna dhateng kita.
Sampun ngantos nuruti raos kesed. Boten badhe manggih kapitunan, kejawi namung tiyang-tiyang ingkang kesed ingkang badhe manggih kapitunan. Sami kaliyan boten wonten ingkang manggih sukses (kasil), kejawi tiyang-tiyang ingkang tumemen, landhesan tekad ingkang kiyat piyambakipun badhe sukses.
Katebihna watek kongas, umuk. Imam Ahmad bin Hanbal nelakake, ”Prayoga kowe ora susah ngrungokake ucapane wong kang ngegungake awake dhewe.”
Menawi tiyang menika namung gumantung saking kekiyatanipun piyambak kanthi srana lan usahanipun, pramila srana lan usaha wau boten migunani.
Alloh paring firman,
لَقَدْ نَصَرَكُمُ ٱللَّهُ فِى مَوَاطِنَ كَثِيرَةٍۢ ۙ وَيَوْمَ حُنَيْنٍ ۙ إِذْ أَعْجَبَتْكُمْ كَثْرَتُكُمْ فَلَمْ تُغْنِ عَنكُمْ شَيْـًۭٔا
Lan (elinga) peperangan Hunain, yaiku rikala sira dadi kongas krana akehe balamu, mula gunggung kang akeh ora nggawa manfangat kanggo sira sethithik-sethithika.(QS. At-Taubah : 25)
Ing antawisipun pacobanipun tiyang mukmin inggih menika do’a nanging boten dipun kabulaken. Do’a terus dipun wongsal wangsuli nanging ugi boten dipun kabulaken. Menika mujudaken satunggaling musibah utawi pacoban, ujian ingkang mbetahaken kesabaran. Ananging boten dipun kabulaken do’a menika kados dene sesakit ingkang saged lan perlu dipun tambani. Sanajan kelampahan wonten hikmah lan manfa’at saking panunda kabulipun do’a, lan saged ndhatengaken bebaya menawi enggal dipun kabulaken. Inggih menika ing antawisipun hikmat sawingkingipun musibah. Kathah bab ingkang njalari do’a boten dipun kabulaken. Saged ugi wonten subhat ing salebetipun tetedhan kita , wonten kalepyan ing rikalanipun kita ngunjukaken do’a utawi ukuman katambahaken saking dosa ingkang kita boten tumemen anggenipun mertobat.
Kita badhe langkung mangertos menawi kita sregep ing ndalem mawas diri kita piyambak, sedaya lampah ibadah ingkang sampun kita tindakaken.
Akhiripun mangga kita tutup khotbah menika kanthi salawat lan ndedonga ing ngarsanipun Alloh, mugi-mugi kita sedaya kalebetaken golonganipun tiyang ingkang dipun ridhoi. Amin.
(Swara Quran April 2008)
Alih Basa : Mbah Djono