CARA NGGEMENI WEKDAL TUMRAP TIYANG MUSLIM
Sumangga kita tansah dhedhepe ing ngarsanipun Alloh SWT lan tansah metang wekdal siang lan dalu kita. Dinten-dinten ingkang kita ambah , boten sanes tataran nuju dhateng akherat, saengga boten wurung kita badhe mandheg ing pungkasaning lampah kanthi dhatengipun ajal kita.
Ing saben dinten, malah ing saben sekon ingkang sampun kita lampahi boten sanes badhe saya tebih kita saking donya lan saya nyaket dhateng akherat. Wekdal dalu lan siang kados dene dompet simpenan amal kita sarta saksi dhumateng amalan ingkang sampun kita tindakaken ingkang sae utawi awon. Pramila begja sanget tumrap kawula ingkang ngginakaken wekdal ingkang sekedhap menika, kangge tansah nyaketaken dhumateng Alloh SWT. Begja sanget tiyang ingkang nggemeni wekdal menika kanthi ketaatan lan nebihi lampah dosa lan maksiat. Lan begja sanget kawula ingkang istiqomah madhep mantep ngugemi akidah agaminipun.
Alloh paring firman,
يُقَلِّبُ اللَّهُ اللَّيْلَوَالنَّهَارَ إِنَّ فِي ذَلِكَ لَعِبْرَةً لأولِي الأبْصَارِ
Alloh nggatekake awan lan wengi. Satemene prekara kang mangkono iku ngemu piwulang kang gedhe tumrap wong kang duwe wawasan. (QS. An- Nur : 44)
Mangga kita gatosaken srengenge ingkang tansah njedhul ing saben enjang saking wetan lan angslup ing sisih kilen. Ingkang mekaten wau minangka piwucal ingkang ageng bilih donya menika sanes papan ingkang langgeng, piyambakipun badhe jumedhul nanging piyambakipun ugi badhe angslup. Mekaten ugi rikala kita nggatosaken rembulan ingkang njedhul kanthi wujud bulan sabit ingkang alit, saengga lajeng dados rembulan ingkang sampurna, lan salajengipun saya mindhak alit wangsul malih kados kawitanipun. Mekaten gambaran gesangipun manungsa ugi sak jasadipun
Alloh SWT paring firman,
وَجَاءَتْ سَكْرَةُالْمَوْتِ بِالْحَقِّ ذَلِكَ مَا كُنْتَ مِنْهُ تَحِيدُ
Lan tumeka sakaratul maut kanthi sakbener-benere. Yaiku kang sira tansah mlayu ngedohi. (QS. Qof : 19)
Kita sedaya saleresipun namung badhe nilaraken dinten-dinten ingkang kita lampahi lan siaga ngadhepi dinten –dinten ingkang badhe dhumugi. Pramila kedahipun kita ningali kados pundi dinten-dinten ingkang sampun kita lampahi lan samekta sangu kangge ngadhepi dinten ingkang badhe dumugi.
Rikala kita nyumerepi wonten wekdal ingkang gothang kangge nindakake prekawis ingkang wajib ing ngarsanipun Alloh SWT , pramila sumangga kita enggal tobat dhumateng Alloh lan naliti lampah ingkang sampun kita tindakaken wau supados kita saged njawab pitaken menapa sebabipun kita nglirwakaken. Menika cara supados kita boten ngambali malih tumindak kala wau. Mekaten ugi menawi wonten wekdal ingkang kita ginakaken kangge nindakaken prekawis ingkang dipun haramaken dening Alloh SWT, prayoginipun enggal kita tilaraken lan kita gantos kanthi amal sholeh saderengipun ajal dumugi.
Rikala kita naliti dinten-dinten kita taksih kathah kezaliman , pramila enggal-enggala nyuwun pangapunten dhumateng tiyang-tiyang ingkang sampun kita zalimi. Kanthi makaten kita samangke namung badhe manggihi dinten-dinten kita namung kangge Alloh piyambak. Salajengipun istiqomah lan tansah memuji dhumateng Alloh, nyenyuwun dhumateng panjenenganipun kanthi panyuwunan ingkang sae, leres dhumugi kapundhut sowan ing ngarsanipun.
Keimanan menika menapa ingkang sampun tumanem ing manah, kanthi dipun leresaken lan dipun wujudaken amal tumindak. Dene taubat sanes namung ucapan ing lesan kemawon, nanging mujudaken raosing keduwung ing manah jalaran dosa-dosa ingkang sampun katindakaken, ingkang dipun lahiraken kanthi amal tumindak ugi lan kanthi nilaraken dosa dosa kasebat, enggal wangsul ing marginipun Alloh, nyaeni amal tumindakipun, tuwin nggadhahi raos lan keyakinan menawi Alloh tansah amriksani sedaya ingkang kita lampahi. Pramila mangga kita amalaken sikap menika ing saben tumindak kita, lan kita ikhlasaken taubat kita kanthi tulusing manah kita.
Rasululloh saw ngendika,
اغْتَنِمْ خَمْسًا قَبْلَ خَمْسٍ: شَبَابَكَ قَبْلَ هَرَمِكَ، وَصِحَّتَكَ قَبْلَ سَقَمِكَ، وَغِنَاكَ قَبْلَ فَقْرِكَ، وَفَرَاغَكَ قَبْلَ شُغْلِكَ، وَحَيَاتَكَ قَبْلَ مَوْتِكَ
”Gatekna limang prekara sadurunge katekan limang prekara, enommu sadurunge tuwamu, warasmu sadurunge laramu, cukupmu sadurunge sekengmu, wektu longgarmu sadurunge ribetmu, lan uripmu sadurunge patimu. ”(HR. Hakim)
Rikala manungsa taksih enem piyambakipun nggadhahi tekad lan kekiyatah ingkang ageng. Nanging sasampunipun sepuh ical semangatipun lan ringkih kekiyatanipun, boten kuwawa nandangi samukawis kados rikala taksih enem. Ing wekdal saras kita nggadhahi greget nindakake sawernining kekajengan, nanging ing kawontenan sakit sedaya keraos awrat. Pramila mangga kita gatosaken wekdal-wekdal kita kanthi sak sae-saenipun, jalaran piyambakipun boten badhe wangsul, lan lampahipun langkung cepet, kados lampahipun tiyang-tiyang saderengipun kita. Lan mangga kita emut bilih wekdal ingkang badhe dhateng estu badhe dhateng, lan sedaya kemawon ingkang wonten ing donya menika wonten watesipun, boten langgeng.
Demi Alloh SWT, setunggal lafal tasbih utawi setunggal rakaat shalat ing lembar cathetan amal kita langkung sae tinimbang donya saisinipun. Enggal-enggala mertobat lan dipun kanntheni amal kesaenan. Lan tansah sumadhiya kangge nindakaken amalan-amalan shaleh ing dinten-dinten candhakipun.
Alloh SWT paring dhawuh.
انْظُرْ كَيْفَ فَضَّلْنَابَعْضَهُمْ عَلَى بَعْضٍ وَلَلآخِرَةُ أَكْبَرُ دَرَجَاتٍ وَأَكْبَرُتَفْضِيلا
” (Muhammad), sira ndelenga kepriye anggo Ingsun ngluwihake peparing Ingsun marang sawenehing manungsa ngungkuli tinimbang liyane. Dene pepaing Ingsun ana ing Akherat iku luwih gedhe derajate lan luwih gedhe kautamane ( tinimbang donya).”(QS. Al-Israa : 21)
Ing firman sanesipun :
بَلْ تُؤْثِرُونَ الْحَيَاةَالدُّنْيَا وَالآخِرَةُ خَيْرٌوَأَبْقَى
Nanging sira (wong kafir) padha millih kauripan donya. Kabegjan ing akherat iku luwih becik tur langgeng (QS. Al-A’laa : 16-17)
Alloh paring firman,
أَفَرَأَيْتَ إِنْمَتَّعْنَاهُمْ سِنِينَ ثُمَّ جَاءَهُمْ مَا كَانُوايُوعَدُونَ مَا أَغْنَى عَنْهُمْ مَاكَانُوا يُمَتَّعُونَ
”Mula kepriye panemumu menawa Ingsun paring marang dheweke kabungahan urip matahun-tahun, banjur tumeka marang dheweke azab kang wus dicawisake marang dheweke, mesthi ora migunani kanikmatan kang wus tansah dirasakake”. (QS. Asy-Syuaraa :205-207)
Ing QS. Yunus : 6, Alloh paring firman :
إِنَّ فِي اخْتِلافِاللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللَّهُ فِي السَّمَاوَاتِ وَالأرْضِ لآيَاتٍلِقَوْمٍ يَتَّقُونَ
”Temen ana ing gilir gumantining wengi lan awan lan apa kang dicipta Alloh ing langit lan ing bumi, mesthi mujudake tanda-tandha keagungane Alloh tumrap wong kang padha taqwa”. (Yunus : 6)
Pramila mangga kita tansah ndedonga, nyuwun dhumateng Alloh SWT supados tkalebetna golonganipun tiyang ingkang nggadhahi ngelmu, kalebetna golongan tiyang-tiyang ingkang taqwa ingkang tansah mikiraken kaciptanipun langit lan bumi minangka tanda kuwaosipun Alloh.
رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هَذَا بَاطِلا سُبْحَانَكَ فَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Duh Pangeran kula. Paduka boten badhe nyipta menika kanthi muspra. Maha Suci Paduka. Mugi Paduka anjagi kula saking siksaning neraka.(QS. Ali Imran : 191).
Mangga kita emut sadherek kita ingkang sampun ngrumiyini kita. Ing salebetipun kubur piyambakipun sampun boten saged nambah amal shalih malih. Namung sendika naggel jawabaken amalanipun rikala gesang ing donya dhumateng Alloh. Piyambakipun kepengin mertobat dhumateng Alloh, ananging lawanging tobat sampun katutup rapet. Pramila mangga kita age-age mertobat dhumateng Alloh mumpung lawanging tobat taksih binuka. Lan sumangga kita nggemeni wekdal kangge ngempalaken amal sakathah-kathahipun minangka sanguning sowan ing ngarsanipun Alloh, saderengipun dhatenging ajal.