Kautamanipun Shalat
Sedaya puji pangalembana kagunganipun Alloh, ingkang sampun ngesokaken sedaya sakathahing nugraha lan nikmatipun dhumateng kita. Utaminipun nikmat iman lan Islam. Jalaran kanthi nikmat kalih wau kita tiyang Muslim badhe manggih kamulyan sae ing donya menapa dene ing akherat.
Sholawat sarta salam mangga tansah kita do’aken mugi tansah kasokaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw, dhumateng kulawarga para sahabat lan dhumateng sinten kemawon ingkang gegondhelan sarta ngamalaken sunnah-sunnahipun dumugi dinten kiamat samangke.
Kula kepengin ngemutaken dhumateng badan kula piyambak lan dhateng jamaah umumipun , mangga kita ningkataken ketakwaan kita dhumateng Alloh kanthi mituhu sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Amargi inggih kanthi takwa menika kita tiyang muslim badhe manggih kenikmatan langgeng inggih menika suwarganipun Alloh.
Ing antawisipun satunggal prekawis ingkang penting sasampunipun ngucapaken sahadat inggih menika sholat. Mekaten pentingipun sholat, ngantos Alloh ndhawuhaken kanthi langsung dhumaeng Nabinipun, Muhammad, kanthi lampah ingkang mulya, inggih menika isra’ mi’raj. Bab menika nedahaken semanten pentingipun prekawis sholat. Lan sasampunipun Rasululloh tumurun ing bumi panjenenganipun ndhawuhaen dhumateng para sahabatipun ngedegaken sholat.
Ananging kawontenan ing samenika, ingkang dumados ing kalangan umat islam kathah ingkang nglirwakaken sholat. Malah boten sekedhik ingkang nilaraken sholat, na’udzu billah min dzalik.
Kadhang kala dhawuh shalat namung dipun dadosaken minangka samben, ingkang tanpa nggatosaken tata cara sholat ingkang dipun tuntunaken dening Rosululloh saw. Wonten ingkang boten nggatosaken thuma’ninahipun,. Wonten ingkang boten nggatosaken tata cara wudzunipun. Wonten ingkang boten nggatosaken sholat jamaahipun ing masjid lan sanesipun.
Mangka menawi kita anggenipun nindakaken laras kaliyan menapa ingkang sampun dipun contohaken dening Rosululloh, sae gerakan-gerakanipun sholat, tuma’ninahipun, utawi tata cara wudzunipun, tentu badhe langkung sae, lan sawingkingipun badhe nampi piwales ganjaran ingkang ageng.
Sholat minangka satunggaling wujud syukur dhumateng Alloh ingkang sampun paring nikmat, kesarasan, bandha kabetahan gesang, pedamelan lan sanesipun. Pramila minangka wujud syukur kita dhumateng Alloh inggih menika kanthi mituhu ing Panjenenganipun. Sholat mujudaken ibadah ingkang kawitan dipun petang ing dinten kiamat mangke. Rosululloh ngendika ing hadits shohih :
” إِنَّ أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ العَبْدُ يَوْمَ القِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ صَلَاتُهُ فَإِنْ صَلَحَتْ فَقَدْ أَفْلَحَ وَأَنْجَحَ وَإِنْ فَسَدَتْ فَقَدْ خَابَ وَخَسَرَ فَإِنِ انْتَقَصَ مِنْ فَرِيْضَتِهِ شَيْءٌ قَالَ الرَّبُّ تَبَارَكَ وَتَعَالَى : انَظَرُوْا هَلْ لِعَبْدِي مِنْ تَطَوُّعٍ ؟ فَيُكْمَلُ بِهَا مَا انْتَقَصَ مِنَ الفَرِيْضَةِ ثُمَّ يَكُوْنُ سَائِرُ عَمَلِهِ عَلَى ذَلِكَ ” .
”Satemene amalan kang sepisanan dihisap saka sawenehing kawula ing dina kiamat saka kabeh amalane yaiku sholat. Menawa sholate becik mula dheweke wis begja lan kasil. Nanging menawa sholate rusak, mula dheweke wis cilaka lan nandhang kapitunan. Lan menawa dheweke kurang becik sethithik anggone nindakakake sholate wajib, mula Alloh bakal dhawuh,”Delengen apa kawulaningsun nduweni amalan sunnah. Amalan wajib kang kurang sampurna bakal ditutup kanthi amalan sunnah iku, sabanjure amalan liyane uga mangkono” (HR. At Tirmidzi, Al Bani : Shohih)
Mugi andadosna uninga bilih sholat mujudaken kabetahan. Kados dene prekawis dhahar lan ngunjuk. Dahar mujudaken kabetahanipun manungsa, lan mujudaken panyangga gesangipun. Nanging wonten kabetahan ingkang kedah dipun jangkepi inggih menika kabetahan ruh. Ruh, manah kita kedah dipun cekapi kanthi ngathahaken emut dhumateng Alloh. Lan satunggaling cara kangge emut dhumateng Alloh inggih menika kanthi sholat ingkang sae.
Kita mbetahaken thuma’ninah (laras boten kesesa) ing gesang kita. Kita saged ningali tiyang ingkang boten sholat gesangipun risak. Sanajan saking lahir ketingal sugih, brewu, nanging saleresipun gesangipun boten bahagia, boten ngraosaken katentreman. Benten kaliyan tiyang ingkang ngedegaken sholat, piyambakipun ngraosaken ayem-tentrem gesangipun. Jalaran kanthi sholat kita emut dhumateng Alloh, lan Alloh sampun paring firman,
أَلَا بِذِكْرِ ٱللَّهِ تَطْمَئِنُّ ٱلْقُلُوبُ
Mangertiya, (mung) kanthi dzikir/eling marang Alloh bisa gawe tentreming ati (tumrap wong-wong kang padha iman). (QS. Ar-Ra’d : 28).
Kagatosna babagan sholat! Kita kawajibken nindakaken ing wekdal lan papan ing pundi kemawon. Ing kawontenan kekesahan ing kapal, lan ing kawontenan kados menapa kemawon. Ing kawontenan menapa kemawon tetep kita kawajibaken nindakaken sholat. Boten wonten udzur/alesan kejawi ingkang dipun leresaken dening syari’at. Tiyang ingkang boten saged ebah ugi dipun wajibaken sholat. Engga tiyang ingkang sampun boten saged nindakaken sholat (tilar) wajib dipun sholataken. Sedaya wau nedahaken saeba agengipun kawigatosan syari’at dhumateng sholat. Salajengipun kuwajiban kita sasampunipun menika dhawuh kulawarga kita kangge nindakaken sholat.
Alloh SWT ngendika ing QS. Ath Thoha : 132 ,
وَأْمُرْ أَهْلَكَ بِالصَّلاةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَا لا نَسْأَلُكَ رِزْقًا نَحْنُ نَرْزُقُكَ وَالْعَاقِبَةُ لِلتَّقْوَى
”Lan prentahen kulawargamu ngedegake shalat, kang kanthi sabar anggone nglakoni. Ingsun ora mundhut rezeki marang sira, Ingsun kang paring rezeqi marang sira. Lan pituwas kang becik tumrap wong-wong kang padha takwa.” (QS. At Thaha : 132)
Dados Alloh dhawuh dhumteng kita, kulawarga kita supados sami ngedegaken sholat. Nanging Alloh dhawuh kita supados langkung rumiyin nindakaken sholat, nuladhani rumiyin nembe ngajak kulawarga kita. Lan kita kedah kanthi sabar anggenipun nindakaken ajakan wau.
Kita nindakaken shalat gangsal wekdal, kanthi pas ing wekdalipun lan ugi kanthi jamaah ing masjid. Kita nggadhahi tanggel jawab dhumateng kulawarga kita. Dados upami anak kita mantuk sekolah, mantuk kuliah, prayoginipun ingkang sepisanan katakekaken prekawis sholat, sederengipun prekawis sanesipun. Mekaten ugi dhumateng simah kita, prayoginipun pitaken sepisanan menawi kita pinanggih inggih prekawis sampun sholat menapa dereng.
Saking Ibnu Abbas lan Ibnu Umar ra. mireng Rasululloh saw ngendika,
”Becike sira nglereni anggonira ninggalake shalat jamaah utawa Alloh bakal ngunci rapet atinira. Banjur sira dadi wong-wong kang lirwa (lali).
Saking Abu Darda ra. Rosululloh saw ngendika,
”Ora mapan wong telu ing sawijining kampung utawa dusun, banjur dheweke ora padha ngedegake shalat jamaah, kejaba dheweke mesthi bakal dikuwasani setan.Mula becike sira padha gegondhelan ing jamaah jalaran asu alas iku mung bakal mangsa wedhus kang pisah saka rombongane.” (Aun-Al Ma’bud )
Saking Abu Hurairah ra.ngriwayataken,
”Sing sapa kang krungu swara adzan banjur dheweke ora nekani panggilan mau, mula ora sah sholate, kejaba dheweke lagi udzur (alangan kang syar’i)(HR. Ibnu Majah ing Al Masajid lan Shalat Jamaah)
Dene kautamanipun shalat jamaah ing masjid kathah sanget, ing antawisipun ngulinakake tiyang muslim madeg ing barisan jihad, kados firman Alloh,
إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الَّذِينَ يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِهِ صَفًّا كَأَنَّهُمْ بُنْيَانٌ مَرْصُوصٌ
Satemene Alloh nresnani marang wong-wong kang lelabuh ing dalane Alloh ing kahanan barisan kayadene bangunan kang kukuh. QS. Ash-Shaf : 4)
Mugi kita saged kalebet golonganipun tiyang ingkang cinaket lan dipun tresnani ing Alloh, manggih katentreman lan kabegjan gesang donya lan akherat.