TANGGEL JAWAB MANUNGSA RIKALA GESANG
Sumangga kita tansah takwa humateng Alloh SWT. Saestu Alloh sampun nitahaken kanthi saksae-saenipun wujud lan rupi, lan Panjenenganipun sampun paring rezeki dhumateng kita kanthi mawerni-werni tetedhan ingkang eca lan mirasa.
Kita kalahiraken ing donya menika kanthi nyangga satunggiling tanggel jawab ingkang ageng sanget. Lan menika amanah ingkang boten kuwawa dipun sangga dening langit, bumi sarta gunung-gunung karana piyambakipun ajrih boten kuwagang nyangga. Namung kanthi rilaning manah kita sedaya manungsa purun nampi amanah kasebat. Lan ganjaran agung ingkang badhe kita tampi menawi kita kuwawa netepi kanthi sae. Ananging ugi wonten siksa ingkang ageng menawi kita ngremehaken.
Alloh nundhukakn kangge kita mawarni makhluk (unta, kudha, gajah, lsp) supados mbiyantu kita ngayahi amanah kasebat. Amanah kasebat inggih menika sawarnining prekawis ingkang Alloh wajibaken dhumatng diri kita sesambetan kaliyan hak Alloh lan hak kawulanipun. Menawi kita saged netepi hak wau kanthi sae, pramila kita kalebet tiyang ingkang njagi lan netepi amanah lan janji. Kados mekaten wau tiyang –tiyang ingkang nggadhahi hak lumebet ing Suwarga Firdaus. Nanging menawi kita nyepelekaken pramila kita badhe kabucal ing salebeting papan ingkang asor, inggih menika Neraka.
Alloh SWT paring firman,
لَقَدْ خَلَقْنَا الإنْسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيمٍ . ثُمَّ رَدَدْنَاهُ أَسْفَلَ سَافِلِينَ . إِلا الَّذِينَ آمَنُواوَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ فَلَهُمْ أَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُونٍ
”Satemene Ingsun wus nitahake manungsa kanthi wujud kang sakbecik-becike. Banjur Ingsun balekake dheweke ing papan kang sakasor-asore, kejaba wong-wong kang padha iman lan nindakake amal shalih, mula kanggo dheweke ganjaran kang ora ana pedhot-pedhote. ”(QS. At Tin 4-6)
Saleresipun sesuci saking hadats kalebet amanah. Nindakaken shalat ugi amanah, Nindakaken kewajiban lan nilaraken pepacuh ugi perangan saking amanah. Netepi hak-hak tetyang ingkang ndarbeni hak tumrap kita ugi amanah. Lan hak ingkang langkung penting kita tetepi inggih menika ingkang sampun kafirmanaken dening Alloh (QS. An Nisa : 36)
وَاعْبُدُوا اللَّهَ وَلاتُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا وَبِذِي الْقُرْبَى وَالْيَتَامَى وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ إِنَّ اللَّهَ لا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالا فَخُورًا
”Sembahen Alloh lan sira aja nyekuthokake kalawan liyane. Lan padha mbecikana wong tuwanira loro (ibu –bapa), sanak sedulur, bocah-bocah yatim, wong-wong kacingkrangan, tangga kang caket lan tangga kan adoh, mitra kanca, ibnu sabil lan para rowang pembantumu. Satemene Alloh ora rena marang wong kang padha kongas lan gumedhe.” (QS. An-Nisa’ : 6).
Ayat menika kasebat ayat Huquq Al-Asyroh ( ayat ingkang ngemot sedaya hak) krana ngemu sedasa prekawis ingkang wonten ing salebetipun. Inggih menika hak Alloh, tiyang sepuh, sanak kadang, lare yatim, tiyang kacingkrangan, tangga caket, tangga tebih, ibnu sabil, lan hak pembantu.
Hak sepisan inggih menika hak Alloh.
Mujudaken hak ingkang langkung penting, lan kewajiban ingkang langkung utami inggih menika manembah ing Alloh.lan boten nyekuthokaken kaliyan sanesipun. Inggih menika wau hakekatipun manungsa katitahaken. Allah paring firman,
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالإنْسَ إِلا لِيَعْبُدُونِ
Lan Ingsun ora nitahake jin lan manungsa kejaba supaya padha manembah marang Ingsun. (QS. Adz Dzariyaat : 56)
Ngibadah boten badhe wonten ginanipun menawi boten kalambaran sikap ekhlas, ing pangertosan boten kacampuran syirik ageng utawi syirik alit. Alloh sampun paring firman :
فَاعْبُدِ اللَّهَ مُخْلِصًا لَهُ الدِّينَ . أَلا لِلَّهِ الدِّينُ الْخَالِصُ
“Mula sembahen Alloh kanthi nyawijekake ketaatan marang Panjenengane. Elinga, mung kagungane Alloh agama kang suci iku.” (QS. Az-Zumar : 2-3)
Ing ayat sanes Alloh SWT paring firman :
قُلْ إِنَّمَا أَنَا بَشَرٌمِثْلُكُمْ يُوحَى إِلَيَّ أَنَّمَا إِلَهُكُمْ إِلَهٌ وَاحِدٌ فَمَنْ كَانَ يَرْجُو لِقَاءَ رَبِّهِ فَلْيَعْمَلْ عَمَلا صَالِحًا وَلا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِرَبِّهِ أَحَدًا
”Kandhakna (Muhammad), Satemene aku iki manungsa kaya dene sira, kang kaparingan wahyu marang ingsun, ’ Menawa satemene Pangeran sira iku Pangeran Kang Maha Tunggal. Sing sapa ngarep arep ketemu marang Pangerane, mula becik dheweke nindakake amal kang shalih, lan aja nganti dheweke nyekuthokake kelawan liyane ing sajrone ngibadah marang Pangerane.” (QS. Al-Kahfi : 110).
Sinten tiyangipun ingkang boten purun ngumawula dhumateng Alloh SWT , temtu badhe angawula dhumateng sanesipun Alloh, sae arupi setan, hawa napsu, pepenginan, syahwat, reca utawi brahala. Manungsa menika kawulanipun Alloh ing sadhengah kawontenan. Menawi sanes kawulanipun Alloh manungsa temtu badhe dados kawulanipun sanesipun Alloh. Dene angawula dhumateng Alloh mujudaken satunggaling kamulyan lan keagungan tumrap manungsa. Dene ngawula dhumateng sanesipun Alloh mujudaken kanisthan lan kapitunan.
Hak kaping kalih inggih menika hak tiyang sepuh kalih.
Ingih menika kanthi bekti lan nyaeni dhumateng kekalihipun, nyegah pamunasika lan boten munasika piyambakipun kanthi lisan utawi tumindak.
Menika mujudaken piwales saking sedaya kesaenan ingkang dipun paringaken tiyang sepuh dhumateng kita rikala kita taksih alit. Wekdal kita dereng kuwawa ndhatengaken manfa’at lan nyegah bebaya saking badan kita, wekdal kita dereng saged mbedakaken pundi ingkang mbebayani utawi ingkang manfa’at. Tiyang sepuh kita sampun nedahaken lan nggatosaken kawontenan kita ing saat menika. Sampun saktrepipun kita males kesaenanipun kanthi kesaenan ugi.
Hak kaping tiga inggih menika hak sanak sedherek (kerabat)
Piyambakipun tiyang-tiyang ingkang taksih nggadhahi sesambetan pasedherekan kaliyan kita , sae saking lajer bapa utawi ibu. Netepi hakipun, inggih menika kanthi ngrajut sesambetan ingkang sae lan tumindak sae dhumateng piyambakipun kanthi bandha, mertamu (silaturahmi), uluk salam (wanuh-aruh), lan cara sanesipun kanthi lisan utawi lampah.
Hak kaping sekawan inggih menika hak lare yatim.
Inngih menika lare-lare ingkang katilar pejah bapakipun saderengipun diwasa. Netepi hak lare yatim inggih menika kanthi tumanduk sae dhumateng piyambakipun, nresnani, ngopeni, nggulawenthah sarta njagi bandhanipun. Rasululloh saw ngendika, ”Wong kang ngopeni bocah yatim becik isih kerabat utawa dudu, bakal bebarengan ingsun ing suwarga, kaya driji loro iki (driji tengah lan panuding.” (HR. Muslim).
Hak kaping gangsal, hak tiyang-tiyang kesrakat.
Inggih menika kanthi ambiyantu, sedhekah, lan nggatosaken kawontenanipun. Saking Abu Hurairah ra. Nabi saw ngendika, ”Wong kang mbiyantu para randha lan wong miskin iku kaya dene mujahid (ahli jihad) ing dalane Alloh, utawa kaya dene wong kang shalat tanpa krasa kesel, lan wong kang pasa tanpa buka.”
Hak kaping enem inggih menika hak tangga muslim lan kerabat piyambak.
Tangga ingkang nggadhahi tigang hak inggih mnenika tangga ingkang muslim lan taksih kadang piyambak. Piyambakipun nggadhahi hak minangka tangga, minangka kadang lan minangka sesami muslim. Dene tangga ingkang nggadhahi kalih hak inggih menika tangga muslim sanes kerabat (kadang). Piyambakipun nggadhahi hak minangka sesami muslim lan hak minangka tangga. Dene tangga ingkang namung nggadhahi setunggal hak inggih menika tangga kafir. Piyambakipun namung nggadhahi hak minangka tangga kemawon.
Hak kaping pitu, hak tangga tebih.
Hak tangga inggih menika kanthi damel kesaenan dhumateng piyambakipun, mboten nganiaya piyambakipun. Pinanggih kathah dalil ingkang ngajak kita kangge tumindak sae dhmateng tangga. Ugi pinanggih ancaman keras tumrap tiyang ingkang ngganggu katentremanipun tangga. Dipun riwayataken Nabi, panjenenganipun ngendika, ”Tangga iku ana telung werna, tangga kang nduwe telung hak, rong hak lan tangga kang mung duwe hak siji.
Hak kaping wolu ingih menika hak shahibul jambi (kanca mitra).
Netepi hakipun inggih menika kanthi sesrawungan ingkang sae lan ramah dhumateng piyambakipun.
Hak kaping sanga inggih menika hak ibnu sabil (Tiyang kekesahan)
Ibnu sabil inggih menika musyafir ingkang nglangkungi ing kampung kita. Netepi hakipun kanthi mbiyantu kabetahan ing lampahipun, nedahaken margi rikala kesasar..
Hak kaping sedasa inggih menika hak rowang/pembantu (mamalik, budhak)
Pangertosan mamalik ing ayat menika nyakup budhak (pembantu) lan khewan iwen (ingkang dipun openi). Netepi hakipun inggih menika kanthi tumanduk sae lan santun dhumateng piyambakipun (boten lampah kasar, sia-sia)
Salajengipun Alloh mungkasi ayatipun kanthi firmanipun :
إِنَّ اللَّهَ لا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالا فَخُورًا
”Temen Alloh ora rena marang wong kang padha kongas lan gumedhe. (kumalungkung)” (QS. An-Nisa’ : 36)
Ing ayat menika Alloh nyebataken kalih sifat. Sifat-sifat menika ingkang njalari tiyang kraos awrat netepi hak kerabat, tiyang miskin, tangga tepalih lan sanesipun kados sampun Alloh sebataken ing ayat nginggil.
Sedasa hak kala wau mujudaken amanah ingkang langkung penting ingkang kedah kita sangga, lan kewajiban kita kangge saged netepi kanthi sae. Kados ing salbetipun firman :
إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُكُمْ أَنْ تُؤَدُّوا الأمَانَاتِ إِلَى أَهْلِهَا
”Satemene Alloh dhawuh marang sira nekakake amanat marang kang hak nampa.”(QS. An Nisaa’ : 58)
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.