Hikmah Hijrah Nabi Muhammad Shallallahu alaihi wa Sallam
Oleh: Syaikh Shalih bin Fauzan bin Abdullah Al-Fauzan
Alih Basa : Mbah Djono
Ing antawisipun prastawa ageng ing sirah nabawiyah inggih menika prastawa hijrah. Ing rikala gangguan ingkang dipun alami dening Nabi saw ing Mekah sansaya ageng, Nabi saw nawakaken lan pados kabilah ingkang purun ngayomi panjenenganipun supados panjenenganipun saged medharaken wahyu. Wongsal-wangsul bab menika dipun tindakaken namung asilipun kosong, ngantos akhiripun wonten sakelompok tiyang saking suku Khozroj saking kitha Madinah nindakaken haji. Piyambakipun tetanggan kaliyan kalangan Yahudi ingkang asring nyariyosaken menawi dhatengipun Rasul pungkasaning zaman sampun saya celak.Tiyang-tiyang Yahudi kala wau remen ngancam bilih piyambakipun badhe sesarengan Nabi Muhamad shallallahu alaihi wasallam kasebat merangi tiyang Madinah.
Alloh ta’ala paring firman babagan tiyang-tiyang Yahudi,
وَلَمَّا جَاءَهُمْ كِتَابٌ مِنْ عِنْدِ اللَّهِ مُصَدِّقٌ لِمَا مَعَهُمْ وَكَانُوا مِنْ قَبْلُ يَسْتَفْتِحُونَ عَلَى الَّذِينَ كَفَرُوا فَلَمَّا جَاءَهُمْ مَا عَرَفُوا كَفَرُوا بِهِ فَلَعْنَةُ اللَّهِ عَلَى الْكَافِرِينَ
”Lan sawuse tumeka marang dheweke Al-Quran saka Alloh kang mbenerake marang apa kang wus dimangerteni dheweke, mangka sadurunge dheweke kulina nyuwun tumekane Nabi supaya bisa menang mungsuh wong-wong kafir. Mula sawuse tumeka marang dheweke apa kang wus padha dimangerteni dheweke banjur maido. Mula laknate Alloh tumama marang wong-wong kang padha maido.” (QS Al-Baqarah : 89).
Maksudipun bilih dhatengipun Nabi Muhammad saw sampun kasebat ing Taurat, ing mriku katerangaken sifat-sifatipun.
Maksud ayat kasebat inggih menika bilih rumiyin tiyang-tiyang Yahudi saderengipun dhatengipun Rasululloh saw nyuwun pitulungan dhumateng Alloh supados saged ngawonake mengsah-mengsahipun. Tiyang Yahudi munjuk, ” Duh Alloh, mugi Paduka paring pitulungan kanthi nabi ingkang kautus ing akhiring zaman ingkang sifat-sifatipun kula panggihaken ing salebetipun Taurat . Ing rikala menika Nabi saw mbiwarakaken saliranipun dhumateng para kabilah. Pas nyarengi wonten satunggaling kelompok tiyang saking suku Khazroj. Mireng kabar wau piyambakipun rumaos bingah sanget lan wicanten, ”Iki Nabi kang digunakake wong-wong Yahudi kanggo ngancam awake dhewe. Mula aja nganti wong-wong Yahudi ndhisiki awake dhewe anggone ngimani (mercayani).”
Ing wusananipun piyambakipun iman lan sumpah setya-tuhu mbelani Nabi saw. Sasampunipun piyambakipun wangsul dhateng Madinah, piyambakipun sami nyariyosaken dhateng sanesipun, kanyata kasambut ngremenaken ing saperangan ageng. Ing tahun candhakipun tiyang-tiyang Madinah sami ibadah haji lan ikrar dhumateng Nabi ing Aqobah kangge midherek lan mbelani Nabi rikala Nabi Hijrah dhateng Madinah. Sasampunipun prastawa wau Nabi marengaken sawetawis sahabat kangge hijrah dhateng kitha Madinah.
Ing kitha wau sahabat Muhajirin sarta Anshar makempal lan kuwaos Islamiyyah madeg. Sasampunipun menika Alloh ndhawuhaken Rasulipun kangge jihad njunjung kalimahipun Alloh lan menangaken agamanipun. Peperangan gantos gumantos hengga akhiripun Nabi kasil nglenggahi kitha Mekah ing tahun 8 H ing kawontenan menang lan dipun apit gendera Muhajirin lan Anshar ing kanan keringipun. Rikala semanten Nabi nyingkiraken sawernining brahala ingkang wonten ing Ka’bah, lajeng Nabi lumebet ing Ka’bah ngagungaken asma Alloh ing mriku. Sasampunipun menika panjenenganipun manggihi tiyang-tiyang Quraisy ingkang sampun ngempal ing Masjidil-Haram nengga ukuman ingkang badhe katamakaken dening Nabi. Nabi ngendika, He wong-wong Quraisy miturut sira kabeh apa kang pantes ingsun tamakake marang sira kabeh? Piyambakipun sami munjuk, Kesaenan ingkang kula kinten, jalaran panjenengan sedherek kula ingkang minulya, sarta putra sedherek kula ingkang minulya ugi. Nabi saw ngendika, ”Ingsun dhawuhake marang sira kabeh kayadene pangandikane Yusuf marang sedulur-sedulure,……….
قَالَ لا تَثْرِيبَ عَلَيْكُمُ الْيَوْمَ يَغْفِرُ اللَّهُ لَكُمْ وَهُوَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ
” Yusuf kandha, Ing dina iki ora ana pangina marang sira, muga-muga Alloh paring pangapura ing sira, lan Panjenengane dzat Kang Maha Asih ing antarane para Kinasih.” (QS.Yusuf : 92Jamaah Jum’at ingkang dipun mulyakaken Alloh.
Mekaten wau hijrah Rasululloh, hijrah kangge mbelani lan ngagungaken agami Alloh lan boten nggadhahi tujuan namung kangge seneng-seneng utawi rekreasi. Lan inggih mekaten wau hijrahipun tiyang-tiyang ingkang iman engga akhir zaman. Hijrah saking negari-negari ingkang nggegesang simbol-simbol kekafiran, nuju dhateng negari ingkang njejegaken syiar-syiar Islam menika, badhe tansah wonten dumuginipun srengenge angslup ing papan mlethekipun (ing akhir zaman). Kuwajiban menika lumampah kangge tiyang ingkang boten kuwawa ngetingalaken Islam ing negari kafir.
Ingkang dipun kajengaken ngetingalaken Islam inggih menika nggilut Islam kanthi cumetha lan merdika ndhakwahaken Islam sarta nerangaken kebathilan agami tiyang-tiyang kafir. Boten namung kebebasan kangge nindakake shalat, namung boten kenging ndhakwahaken Islam sarta nduwa kekufuran lan kesyirikan. Menawi namung mekaten maknanipun, tentu Nabi boten perlu hijrah nilaraken kitha Mekah, krana tiyang-tiyang musrik kala semanten boten ngawisi Nabi nindakaken shalat lan ngibadah. Namung piyambakipun ngalang-alangi Nabi kangge ndhakwahaken Islam lan njelasaken kebathilan akidah ingkang dipun anut dening tiyang-tiyang kafir lan tiyang-tiyang musyrik.
Kathah tiyang ingkang boten ngenal hijrah Rasul saw, kejawi pengetan ingkang dipun adani ing saben tahun enggal hijrah kanthi sawenining perayaan, ceramah lan pengajian, lajeng kendel lan dipun supekaken dumugi dhatengipun dinten-dinten kasebat ing tahun candhakipun. Pramila Hijrah Rasul boten mbekta pengaruh tumrap amal lan lampah tindakipun. Krana menika kathah tiyang malah migrasi saking negari Islam dhateng negarinipun tiyang-tiyang kafir tanpa tujuan menapa-menapa kejawi karemenan gesang lan kepengin gesang bebas ingkang sabebas-bebasipun. Saleresipun kenangan hijrah Rasul wajib tansah tumanem ing sanubarinipun saben muslim ing sawekdal-wekdal, lan boten namung ing wekdal tartemtu. Malah netepaken wekdal tartemtu kangge mengeti hijrah Nabi sarta nyinau mujudaken bid’ah. Lan saben bid’ah menika kesasar. Rasulullah saw lan para sahabat sarta para tabi’in, tabi’ut tabi’in boten nate mengeti prastawa wau ing saben tahunipun. Para ulama ing awaling Islam nyinau sirah Nabawiyah (tindak lampah –sugengipun Nabi) kangge dipun tuladhani tanpa dipun khususaken ing wekdal tartemtu.
Perlu kita mangertosi sesambetan kaliyan wernipun hijrah.
1.Hijrah manah
Inggih menika hijrah nuju dhateng Alloh SWT kanthi mligi kangge ngibadah ing Panjenenganipun, lan nuju dhateng Rasululloh kanthi ndherek sunnahipun.
Nindakaken menapa ingkang kadhawuhaken sarta nilaraken menapa ingkang dipun awisi. Rasululloh saw ngendika, ”Al muhaajiru man hajaro maa nahallohu ’anhu.”
”Wong kang hijrah secara hakiki (kang sabenere) yaiku wong kang ninggalake larangan-larangane Alloh” (HR Bukhari). Hijrah menika badhe tansah anyartani tiyang muslim ing sadangunipun gesang.
2.Hijrah badan
Hijrah badan menika ugi ngemu teges hijrah manah. Hijrah badan inggih menika nilaraken papan (negari) ingkang njejegaken simbol-simbol kesyirikan nuju dhateng negari ingkang njejegaken syiar-syiar Islam. Hijrah menika hukumipun wajib, inggih menika menawi satunggaling muslim boten kuwawa ngetingalaken keislamanipun ing negari kafir.