WERDINIPUN SHALAT

 Kita sedaya minangka tiyang muslim sampun samesthinipun tansah ngunjukaken syukur dhumateng Alloh saking sedaya nikmat peparingipun, inggih ingkang awujud iman islam, kesarasan kaenthengan. Ugi ingkang boten kawon agengipun inggih menika paringipun kalonggaran wekdal ingkang saged kita manfaataken kangge ngathah-ngathahaken ibadah sarta amal salih. Jalaran kanthi manfa’ataken wekdal kangge ibadah lan amal salih kita boten badhe manggih kapitunan, sae ing donya menapa dene ing akherat mangke.

Salawat sarta salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi Agung Muhammad saw, kulawarga, para sahabat menapa dene umat pandherekipun ingkang tansah ngugemi sunnahipun dumugipun dinten akhir .

Ing kalodhangan khutbah menika kula taksih badhe nglajengaken matur babagan fadhilah utawi werdinipun shalat. Menawi kita saged mangertosi sepinten agengipun kautamanipun shalat kangge kawilujengan kita, insya Alloh kita badhe rumaos owel menawi ngantos ngremehaken utawi nilaraken. Ing kalodhangan khutbah kapengker  sampun kaaturaken fadhilahipun shalat dumugi angka sekawan. Ing salajengipun

  1. Shalat mujudaken sarana kangge nggayuh manungsa saged kuwawa nyegah lampah fahsya’ (kasar) lan  munkar  (nasar), kados dipun firmanaken :

 

وَأَقِمِ الصَّلاةَ إِنَّ الصَّلاةَ تَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ

”Padha ngedegna shalat, satemene shalat iku bisa nyegah laku kasar lan nasar”. (QS. Al – Ankabut : 45).

Fahsya’ lan munkar menika mujudaken sesakit, inggih menika sakit rohani.  Kangge nambani sesakit kedah mangertos sebabipun. Menawi sesakitipun sampun pinanggih, lajeng dipun tambani kanthi obat ingkang cocok, nembe badhe saged mantun.

Prekawis ingkang njalari sesakit fahsya’ lan munkar menika wonten  tiga  inggih menika :

  • Bodho, al jahl bi ad-Din (boten sumerep ilmu agami). Tiyang mekaten langkung kesasar tinimbang kewan iwen, malah sami awonipun kaliyan kewan gegremet. Kados kacetha ing firman Alloh SWT :

 

وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَالإنْسِ لَهُمْ قُلُوبٌ لا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آذَانٌ لا يَسْمَعُونَ بِهَا أُولَئِكَ كَالأنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ أُولَئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ

Lan satemene wus Ingsun isi neraka jahanam kang akeh saka kalangane jin lan manungsa, Dheweke duwe ati nanging ora digunakake kanggo mahami  ayat-ayate Alloh, lan dheweke padha duwe mripat nanging ora digunakake kanggo meruhi tandha-tandha kuwasane Alloh, lan dheweke padha duwe kuping nanging ora digunakake kanggo ngrungokake ayat-ayate Alloh. Dheweke kaya dhene kewan iwen, malah luwih kesasar maneh. Ya dheweke iku wong-wong kang padha lirwa”. (QS. Al-A’raf : 179)

Ing ayat sanes Alloh paring firman:

 

إِنَّ شَرَّ الدَّوَابِّ عِنْدَ اللَّهِ الصُّمُّ الْبُكْمُ الَّذِينَ لا يَعْقِلُونَ

Satemene makhluk obah kang nduweni nyawa kang luwih ala ing ngarsane Alloh  yaiku dheweeke kang budheg lan bisu ora krungu lan ora mudheng ing bebener, yaiku wong-wong kang ora nggunakake akale”. (QS. Al-Anfal : 22)

Tiyang-tiyang ingkang mkaten wau tentu badhe gampil lampah fakhsya lan mungkar (kasar lan nasar).

 

  • Miskin utawi kecingkrangan. Manah kathah pepenginan, nanging arta boten nyepeng, pramila badhe gampil kejlungup ing lampah kasar lan nasar. Pramila wonten hadits ingkang nelakaken ;

Meh wae kacingkrangan iku njalari kekafiran. (HR. Abu Nu’aim)

Menawi ngantos nyenyolong, badhe ical imanipun, kados kacetha ing hadits ;

Ora bakal nyolong sawijining maling  rikala nyolong ing wektu dheweke iman. (HR. Bukhari lan Muslim)

 

  • Syetan. Midherek Quran, syetan panci badhe ajak-ajak manungsa dhumateng fahsya lan munkar, kados dipun pratelakaken ing Quran,

 

وَمَنْ يَتَّبِعْ خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ فَإِنَّهُ يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ

Lan sing sapa nuruti lakune syetan, mula satemene dheweke ngajak laku fakhsya lan munkar ( QS. An-Nur  : 21)

Pramila menika ingkang kedah kita mangertosi kados pundi shalat saged nyegah kebodoan, kecingkrangan lan godhaning syetan.

@ Shalat nyegah kebodhoan,  Sampun sami ngakeni bilih salah satunggaling ciri manungsa inggih menika mikir. Mikir kawiwitan saking pitaken. Sedaya ingkang gegayutan kaliyan shalat badhe nuwuhaken kathah pitakeanan, sae ingkang wonten sanjawining shalat upaminipun wudhu, aurat, cwekdalipun shalat lan sanesipun utawi ingkang wonten ing salebetipun shalat upaminipun waosan shalat. Menawi sedaya pitaken mliginipun ing babagan isi kndhungan waosan shalat saged kita jawab kanthi leres. Ateges kita sampun dados tiyang ingkang cerdas pinter boten bodho malih jalaran tetembungan ing waosan shalat menika tansah sesambetan kaliyan Alloh, manungsa lan alam, ingkang ngemu ngelmu wiyar sanget. Pramila saestu shalat ingkang leres badhe ngicali kebodhoan.

@. Shalat nyegah kacingkrangan. Sekedhikipun kaping 17  salebetpun sedinten sedalu tiyang-tiyang ingkang shalat maos : Iyyaaka na’budu ” Namung dhumateng Paduka kula manembah, lan kaping 9 maos : Asyhadu alla ilaaha illalloh, Kula angekeni bilih boten wonten Pangeran ingkang pantes kasembah kejawi Alloh.

Aturan Alloh ingkang utami ingkang kedah dipun tuhoni dening tiyang-tiyang ingkang shalat sabibaripun shalat inggih menika ngluru nugrahanipun Alloh ing salumahing bumi, kados firmanipun Alloh SWT ,

 

فَإِذَا قُضِيَتِ الصَّلاةُ فَانْتَشِرُوا فِي الأرْضِ وَابْتَغُوا مِنْ فَضْلِ اللَّهِ

Menawa wus rampung shalat, padha sumebara ing bumi lan ngluruwa nugrahane Alloh ( Al-Jum’at : 10).

Salajengipun Alloh dhawuh makarya, krana drajating tiyang dipun tentokaken dening pakaryanipun, kados kacetha ing ayat –ayat pmenika:

 

قُلْ يَا قَوْمِ اعْمَلُوا عَلَى مَكَانَتِكُمْ إِنِّي عَامِلٌ

”Dhawuhna, He umat ingsun padha makaryaha  sakuwawanira. Satemene ingsun narakarya (pekerja).” (QS. Al-An’am : 135)

وَلِكُلٍّ دَرَجَاتٌ مِمَّا عَمِلُوا

Lan tumrap saben uwang sawetara drajat saka apa kang ditindakake. (QS. Al-Ahqof : 19).

 Lan nyambut damel menika kedah tumemen, kados kacetha ing ayat :

 

وَجَاهِدُوا فِي اللَّهِ حَقَّ جِهَادِهِ

Lan tumemena  ing dalane Alloh kanthi sabener-benere tememen. (QS. Al-Hajj : 78)

Menawi sampun nggadhai ngelmu ingkang kathah lan sregep nyambut damel insya Alloh boten badhe miskin malih. Mekaten shalat saged nyegah kemiskinan.

 

@ Shalat saged nyegah godhanipun syetan. Syetan ngakeni boten saged nggodha tiyang ingkang ikhlas, kados dipun  firmanaken Allo SWT ’

قَالَ رَبِّ بِمَا أَغْوَيْتَنِي لأزَيِّنَنَّ لَهُمْ فِي الأرْضِ وَلأغْوِيَنَّهُمْ أَجْمَعِينَ . إِلا عِبَادَكَ مِنْهُمُ الْمُخْلَصِينَ

“Dheweke (syetan) munjuk,  Duh Pangeran krana pPaduka sampun netepaken  kula kesasar, pramila kula mesthi badhe ndadosaken lampah maksiat ketngal endah ngresepaken tumrap manungsa ing lumahing bumi, lan saestu kula badhe nasaraken piyambakipun sedaya. Kejawi hamba-hamba Paduka ingkang ekhlas. ” (QS. Al Hijr : 39-40)

Supados luwar saking gangguanipun syetan pramila ngibadah kedah dipun tindakaken kanthi ekhlas, kados kasebat ing ayat ”

وَمَا أُمِرُوا إِلا لِيَعْبُدُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ

”Lan dheweke ora didhawuhi  kejaba supaya ngibadah kanthi ikhlas” .(QS. Al-Bayyinah 98:5)

Kanthi mekaten menawi shalat sampun katindakaken kanthi ikhlas syetan boten badhe kuwagang nggoda. Dados shalat  saged nyegah gangguan syetan.

Menawi kita sampun cekap ngelmu, tebih saking kecingkrangan, tebih saking gangguan syetan insya Aloh kita saged nyegah lampah fakhsa lan mungkar, lan saged nyaketi dhateng lampah ingkang dipun ridhani dening Alloh SWT.

Mungkin Anda juga menyukai